Ageman Adat Jawa
Gagrag Surakarta
1. Arbie Ananto (XII
IPS 3/03)
2. Lintang Ayu A (XII
IPS 3/15)
3. Nurul Habibah (XII
IPS 3/21)
4. Yuli Choirun N (XII
IPS 3/31)
SMAN 2 MAGELANG
Jalan Urip Sumohardjo,
Wates, Magelang
Atur Prawacana
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged
kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang
sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang
sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika
saged purna.
Laporan karya tulis kanthi
irah-irahan " Ageman Adat Jawa Gagrag Surakarta"
punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika
kasusun kagem njangkepi tugas semester I mata pelajaran basa Jawa.
Mugi-mugi
laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten
manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi
kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.
Magelang , 15 September
2015
Panyerat
DAFTAR ISI
Halaman Judul .................................................................................................................
1
Atur Prawacana................................................................................................................
2
Daftar Isi............................................................................................................................3
Surasa Basa...............................…………..……………………………………......
a) Pangertosan ageman tumrap kejawen….…………………………………..........4
b) Ageman priya
umum utawa biasa.........................................................................5
c) Ageman wanita
umum utawa biasa.......................................................................9
d) ageman manten gagrag surakarta (solo basahan) ..............................................10
e)
Ageman ugi busanan pengantin putri .................................................................11
f)
Ageman ugi busanan pengantin priya.................................................................13
Penutup..........................................................................................................................14
a. Kesimpulan
b. Saran
Gambar
Daftar pustaka
A. PANGERTOSAN
AGEMAN TUMRAP KEJAWEN
Pangertosan ageman utawi sandhangan
miturut kajawen utawi budaya Jawi menika wonten kalih perangan inggih menika
sandhangan lahir saha sandhangan batin.
Sandhangan lahir tumrap manungsa
sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana” dados raga
saget dipun ajeni utawi dipun aosi manawi manungsa menika tansah hanjagi
wontenipun busana ingkang ka-angge, hawit awonipun busana mahanani tiyang
menika mboten saget hanjagi prajanipun (penampilannya). Resiking ageman ugi mahanani reseping pandulu
sarta pangganda. Dene sandhangan batos
utawi sandhangan batin inggih menika kiyating raos hanampi sadaya panandhanging
gesang sae menika kabingahan menapa dene kasisahan.
Dene kados pundi caranipun hareresik
ageman batos menika, manawi ageman lahir reget lajeng kagirah kapepe?
Miturut andharan wewarah kejawen
resikipun sandhangan batos menika namung lumantar panyuwunan mertobat dhateng
Gusti Ingkang akarya jagad sarta mboten badhe handuwa sadaya ingkang
“kasandhang” utawi kataman dening manungsa.
Sumendhe ing ngarsaning Gusti sarta hanetepi watak satriya Jawa ing
jiwaning satriya Jawa inggih menika ngrumaosi manawi dipun titahaken, manawi sampun rumaos dipuntitahaken kedah nindakaken wajibipun titah ing ngalam
donya, sarta tansah nyawiji dhumateng ingkang nitahaken inggih menika Gusti
Pangeran Ingkang Akarya Loka jagad sakalir.
Kanthi punika ageman Jawi dados
pepenget tumrap sok sintena kemawon ingkang hangrasuk busana Jawi kedah
mangertos werdi sarta trep – trepanipun, inggih saking werdi sarta trep
–trepanipun mangagem utawi mangangge ka-ajab badhe dipun tuntun kaliyan makna
sinandhi ingkang sumimpen wonten ing ageman Jawi. Kajawi hanjagi saking asrep lan benteripun panas, ageman
mracihnani dununging kasusilan sarta kaprajan (harga diri), ingkang sampun lumampah kanthi run temurun ing Karaton
Jawi.
B. AGEMAN PRIYA UMUM UTAWA BIASA
Peranganipun busana Jawi ingkang
dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi
ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun
hangagem. Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang
ukuranipun setunggal kacu (taplak meja)
lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah,
saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing
sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun
udari malih. Ing Karaton Surakarta diarani Udheng Jebehan yaik Udheng menika ageing para luhur, inggih menika Ingkang
Sinuhun, Para putra Sentana, kaliyan para abdidalem ingkang hanggadahi
Sesebatan Riya nginggil (KRA), kalebet ingkang anon-anon.
2. Kulambi
Sampun dados adat lupiya, busana
punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing pisowanan, saget kawuningan saking
Serat timbalan-dalem. Padatan dipun
bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi
limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng
punika warninipun cemeng. Dene pisowanan
padintenan warninipun merdeka.
Miturut wangunipun, rasukan busana
Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punika Atellah kaliyan Beskap,
menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah
1) Atellah
Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup
dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten
tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5
kancing utawi benik. Dene sisih wingking
sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
2) Beskap
Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup
kanthi kancing ing sisih tengah. Dene
kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring
mangandhap. Kancingipun kiwa sak
pangandhap wonten tiga. Dene sisih
tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami
kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.
Kadosdene atellah, ing
wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra
sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten
cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku
damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata,
Ngulama, srabut agemanipun atellah
pethak.
3. Sinjang /Dodot
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi
Jarit lan Sewek (jawi wetan),
kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi
jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem
nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi para
leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun
ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi
pinten-pinten tataran.
4.
Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge
nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun
ngantos mlorod temahan udhar. Setagen
bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi
kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4
M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang
cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun
setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten
ketingal saking njawi.
Ing nginggil sampun kaaturaken bilih setagen punika pirantos
kangge ngingseti sinjang. Pramila
sakderengipun dipunsingseti, panganggenipun sinjang kedah sampun karaos trep,
nembe lajeng dipun ubedi setagen.
Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking ngandhap, pas nginggil
cethik, ubedipun mangiwa, saben sak ubedan kedah dipun kencengaken, ubedanipun
kaprenahaken samsaya minggah. Pungkasanipun setagen lajeng dipun peniteni.
5.
Sabuk
Sabuk punika ageman ingkang dipun
angge nutupi setagen. Dados manawi
sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados
setagen mboten ketingal. Dados kadosdene
pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun
ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking
krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi
minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
6.
Epek
Timang lan Lerep
Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel
saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis
120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek
ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa
dene surinipun. Bongkotipun epek dipun
pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta
“Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking
“kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah
kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene
selamaya.
7. Samir
Samir makaten kalebet perabot busana
Jawi Karaton Surakarta Hadiningrat, mligi manawi sowan dhateng Karaton minongka
tandha bilih abdidalem kalawau, nembe nampi ayahan. Dados wonten pasrawungan mboten perlu ngagem
samir.
8. Dhuwung
Dhuwung, basanipun ngoko keris,
krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang
sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung
amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang
rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung
piyambak onten warni kalih, inggih menika:
·
Dhuwung
ingkang mligi kadamel kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun damel
mboten mawi pasa utawi lampah prihatos.
·
Dhuwung
pusaka tayuhan, inggih menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah sarta
upacara ingkang sampun dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung pusaka menika salajengipun ingkang
dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.
Dhuwung sawenehing gaman ingkang
kadamel saking campuran tosan, pramila wonten ingkang mastani”tosan aji”,
wangunipun tipis panjang, dene cepenganipun dipun wastani ukiran. Wiyaripun dhuwung watawis 8 CM, lajeng merit
samsaya alit ngantos dumugi 2.5 CM wiyaripun lan wekasan pucukipun lancip. Dene panjangipun watawis 35-40 CM. kiwa lan tengenipun kadamel landhep. Dene wangunipun wonten ingkang jejeg (leres) wonten ingkang
ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani “Luk”.
Dhuwung manawi mboten dipun
ginakaken kedahdipun lebetaken ing wadhahipun, ingkang dipun namakaken
“warangka” sebab kathah dhuwung ingkang sampun dipun warangi lan menika sanget
mbebayani.
9. Cenela utawi selop
Cenela iku
diothak athik gathuk saka tembung canthelana jroning nala (ati). Cenela kang dinggo
ing sikil iki maknane supaya manungsa nalika sujud manembah marang gusti .
C. AGEMAN WANITA UMUM UTAWA BIASA
1. Ungkel atau sanggul
2. Kebayak
Kebaya yaiku busana
tradhisional kang dienggo wong wadon ing Indonésia. Kebaya digawé saka bahan kang tipis lan
biyasané dienggo karo sarung, sléndhang, jarik utawa bathik.Kebaya
uga kena dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyané. Kebaya asalé saka
tembung arab abaya kang tegesé sandhangan. Ing jaman jajahan Walanda wong Éropah
banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi.Kebaya banjur divariasi bentuk lan motifé, ana kang nganggo kain
sutra, nganggo sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi
karo rok lan clana jean. Kebaya
uga nduwèni model kang werna-werna
3.
Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge
nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun
ngantos mlorod temahan udhar. Setagen
bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi
kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4
M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang
cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun
setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten
ketingal saking njawi.
4.
Januran dan Slepe mirip epek dan timang (busana putra)
5.
Kain panjang (sinjang dan dhodhotan) atau nyamping
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi
Jarit lan Sewek (jawi wetan),
kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi
jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem
nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi para
leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun
ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi
pinten-pinten tataran.
D. AGEMAN MANTEN GAGRAG SURAKARTA
(SOLO BASAHAN)
wonten
masa Dinasti Mataram Islam ingkang sampun jugrug , kedadosan perkembangan
ngengingi produk kebudayaan ingkang bermuasal saking Mataram Islam. tembe
punagen Giyanti dipunwontenaken wonten taun 1755 ingkang menetapkan pamegengan
wilayah Mataram dados Kasunanan Surakarta hadiningrat ugi Kasultanan
Ngayogyakarta Hadiningrat. Paes Ageng ingkang ngrupikaken pusaka budaya tentang
ageman pikrama an adat Mataram dipunsuwun dening Pangeran Mangkubumi (Sri
Sultan Hamengkubuwono I) ingkang lajeng dados nalendra teng Kasultanan
Ngayogyakarta. nembekaken, Sri Susuhunan Pakubuwono II ingkang bertahta teng
Kasunanan Surakarta hadiningrat merancang ageman pengantin ingkang enggal
gumantosaken Paes Agung. ageman rancangan punika lajeng dipuntepang kaliyan
asma Solo telesan ugi dipunginakaken dados ageman adat resmi kenalendran lebet
upacara pikrama an teng Kasunanan Surakarta Hadiningrat. kajawi kagem teng
Kasunanan Surakarta Hadiningrat, ragam ageman menika ugi dipunginakaken teng
Kadipaten Mangkunegaran kresaa rakyat biasa (saged kagem rakyat biasa saksampune
ndening bebingah saking Sinuhun Paku Buwana II amargi pengabdian ugi ketulusan
para rakyat wonten nalendra kala pindhah keraton menuju dhusun Sala).
ndherek
tradisi Keraton Surakarta, ageman ingkang teng ginakaken wonten kala Upacara
pikrama an yaiku ageman Kampuh/kampuh yaiku nyamping khusus sapanjang +/- 4,5 m
ingkang teng hiasi taburan prada jene wonten babaran nyampingipun, yaiku corak
Alas- Alasan arupi ijem yaiku corak ingkang salira saking aneka satwa ugi
tuwahan ingkang wonten teng rimba / wana kados:
1. garuda (jarwi nya
saged nginggilaken kelenggahan nalendra
2. kura kura (
perlambang dunia ngandap/bumi)
3. ular ( perlambang
tirta ugi bumi)
4. burung (
nggambaraken menawi manusia badhe salajeng kondur datheng pencipta)
5. ayam jaleran( simbol
kewantunan)
6. gunung (simbol
panggen bersemayamnya para dewa)
7. gajah ( simbol
titihan nalendra)
8. harimau (simbol
kewibawaan)
9. kawung 9 (simbol
kesucian ugi umur panjang).
samudayanipun, motif
Alas Alasan ngrupikaken simbol tentang kesugengan ingkang makmur ugi sentosa
(gemah ripah loh jinawi). jarwi saking ragam ageman Solo telesan yaiku berserah
salira dhateng kersa Tuhan badhe margi manusia ingkang badhe rawuh.
E.
AGEMAN
UGI BUSANAN PENGANTIN PUTRI
Pengantin putri ngagem
dhodhot wungu tulak pola alas – alasan, sampur/ selendang sekar cinde arbit,
ugi nyamping cinde sekar abrit. Tata busana pengantin Solo Putri yaiku:
a)
ukel/Konde bokor mengkurep , Tata rikma
pengantin dipunngasta kados bokor tengkurap dadosipun kaasman bokor mengkurep.
b)
Racik melati miji timun , ukel rikma
diisi kaliyan irisan ron pandan ugi ditutup rajut kusuma melati. Perpaduan ron
pandan ugi kusuma melati memancarkan keharuman ingkang berkesan religius,
dadosipun pengantin diharapkan saged ngampil asma harum ingkang nggina kagem
masyarakat.
c)
Ronce kusuma melati tibo dodo, wonten
kageman ngandap radhi datheng arah tan ukel dipasang untaian melati nduwe
bentuk belalai liman sapanjang 40 cm, dipunparingi asma liman ngoling. Hiasan
menika nduwe jarwi menawi pamilananipun nunjukaken kesucian/kesakralan sae
dados putri kresaa kesucian pangangkah lebet margeni sugeng ingkang sakral ugi.
d)
Cunduk Menthul ugi Pethat/pethat nduwe bentuk
redi, dipunsaekaken pangageman cundhuk pethat ugi cundhuk mentul teng kageman
inggil konde 5 tangkai kusuma dipasang teng inggil ukel marak wingking,
nggambaraken sinar surya ingkang berpijar maringi kesugengan.
e)
sangsangan Sungsun (sangsangan salira 3
susun), melambangkan 3 tingkatan kesugengan manusia saking miyos, krama, seda.
f)
binggel Binggel Kana, nduwe bentuk
melingkar tanpa ujung pangkal ingkang melambangkan kesetiaan tanpa wates
g)
Kelat pamidhangan (pangageman wonten
pangkal pamenthangan), nduwe bentuk seekor naga, mustaka ugi ekornya membelit.
Melambangkan nyetunggalipun pola raos ugi penggalih ingkang ndhatengaken
kekiyatan lebet sugeng
h)
Centhung, pangageman berupa pethat timur
bertahtakan berlian teng paringke dipuninggil bathuk wonten sisi kiwa ugi tan.
Melambangkan menawi pengantin putri sampun jagi mlebeti konten kori kesugengan
dalem tangga
i)
sesupe, putri mboten diperkenankan
ngagem sesupe teng racikan madya. amargi dados simbol setunggal utus kagem
dipunlinangkungaken, yaiku kagungan Tuhan. sesupe teng racikan manis dados
simbol kagem senantiasa ngadika tembung manis. sesupe teng racikan kelingking
simbol kagem salajeng terampil ugi ngungkuk lebet nyambut damelaken pekerajaan
dalem tangga. sesupe teng ibu racikan dados simbol kagem senantiasa
numindakaken padamelan kaliyan ikhlas ugi paling sae
j)
Paes. Tata busana pasuryan pengantin
Putri wonten putri nalendra kaliyan paes cemeng pekat mraosi bathuk.
saderengipun, mbusanani utawi limrahipun kawastanan paes sasampun siraman
dipunpangangkah yaiku melambangkan jagen nyae salira miyos batos. Menggingat
jarwi ingkang lebet, padamelan paes diserahkan dhateng juru paes ingkang
kagungan daya batos ingkang sae ugi luhur ingkang saged ditularkan dhateng
calon mempelai. lebet hal menika tata busana dipuntumindakaken dening Pemaes.
Pemaes, priyantun ingkang tanggel jawab mengatur samukawis jagen pikrama an adat
Jawi, tanggel jawab mengatur ageman ugi busana pasuryan ingkang badhe dipunagem
dening kaping kalih pengantin. Paes dipuntumindakaken saksampune
dipunpajengaken panjenenganipun wonten upacara Ngerik. Ngerik utawi memotong
rikma ingkang setunggal-tama, dipuntumindakaken dening rama calon mempelai
waniata kaliyan disaksikan dening ibunda nya, dados tanda peparing ijin kagem
upacara ngerik dening pemaes. menika ngandung artos menawi sang rama sampun
rela ugi ikhlas menawi putrinya badhe sugeng piyambak dilingkungan priyantun
benten. Upacara mengerik wulu kalong (welaj-welaj lembat) disekitar bathuk
kersanipun wanci dihias badhe nampak resik ugi bersinar. dipunsamikaken/
kaasman kaliyan wulu kalong, amargi kalong (kelelawar) meempunyai welaj-welaj
ingkang lembat sanget sami kados rikma-rikma lembat ingkang tuwah teng bathuk
para kenyo. Tujuan utami ndherek adat yaiku kersanipun pun calon
kasinggihan-kasinggihan resik sae saupakara lahiriah kresaa batiniah.
saksampune punika, pengantin putri dipaes cemeng pekat mraosi dahi.Paes
ngagungani jarwi dados punika:
o
liman – limanan (kageman madya bathuk) :
Gusti Ingkang mentis Kwaos
o
Pengapit (pendamping teng kiwa ugi tan
liman-limanan): ibu
o
Panitis (sisih pengapit): Bapak
o
Godheg (teng sisi kaping kalih
talingan): putra
F.
AGEMAN
UGI BUSANAN PENGANTIN PRIYA
Pengantin kakung ngagem
lembaran nyamping/nyamping pola alas – alasan, paningset agung, gesper
paningset miji gandum, sangsangan ulur ugi ngagem Kuluk Mathak (penutup mustaka
ingkang manjang keinggil). pepakan ingkang biasa dipunginakaken dening
pengantin kakung dipunantawisipun yaiku sangsangan ulur, timang/ epek, sesupe,
bros, ugi buntal. kagem pengantin kakung, upakara mbusananinipun mboten serumit
sami kaliyan pengantin putri ingkang kedah dipunbusana wonten kageman
pasuryanipun miwiti saking pasuryan, soca, imba, pip, ngantos lathi.
a. aos-aos
ingkang Terkandung lebet telesan Solo
SB?aos-aos
ingkang terkandung wonten ageman telesan Solo yaiku manusia kedah berserah
salira dhateng kersa Tuhan badhe margi manusia ingkang badhe rawuh ugi ngupados
mencapai kesugengan ingkang makmur ugi sentosa (gemah ripah loh jinawi).
nembekaken tata busana pengantin Putri solo, nggambaraken menawi sapriyantun
putri nunjukaken kesucian/kesakralan sae dados putri kresaa kesucian pangangkah
lebet margeni sugeng ingkang sakral ugi saged ngampil asma harum ingkang nggina
kagem masyarakat. kesugengan manusia saking miyos, krama, seda. Tata busana
Pengantin putri ugi melambangkan jagen nyae salira miyos batos kasinggihan
resik sae saupakara lahiriah kresaa batiniah nyetunggalipun pola raos ugi
penggalih ingkang ndhatengaken kekiyatan lebet sugeng ugi sampun jagi mlebeti
konten kori kesugengan dalem tanggaserta senantiasa ngadika tembung
manissenantiasa numindakaken padamelan kaliyan ikhlas ugi paling sae. kajawi
punika, wonten tata busana ingkang salebetipun menika masyarakat wiyar mboten
mriksani jarwi saking busanan kesebat. tata busana wonten bathuk (Paes) yaiku
simbol dados permohonan menawi sedaya komponen keluarga saged dados sae. mila
wonten tembung “ABIMANYU”, yaiku putra, Bapak, ibu Manuggal Marsudi Yektining
Urip.
Panutup
A. Kesimpulan
Kesimpulan
inggih menika yaiku Sandhangan
lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana” dados raga saget dipun ajeni utawi dipun
aosi manawi manungsa menika tansah hanjagi wontenipun busana ingkang ka-angge,
hawit awonipun busana mahanani tiyang menika mboten saget hanjagi prajanipun
, kita sedaya sampun sakedahipun tumut mawi nglestantunaken budaya – budaya
ingkang wonten teng lingkungan kita sedaya. menawi pancen budaya Jawi sampun
mboten wonten malih teng lingkungan kita sedaya, mila kita sedaya kedah dados
pelopor ingkang miwiti malih budaya – budaya Jawi ingkang sampun dipuntilaraken
tanpa melenceng saking wucalan agami.
B. Saran
Kagem nglestantunaken ageman biasa lan manten gagrag surakarta, sampun
saprayoginipun kita sedaya miwiti saking salira kita sedaya piyambak, lajeng
kita sedaya tunjukan kados pundi wigatosipun nglestantunaken budaya Jawi
datheng masyarakat.
Daftar pustaka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar